Ragam Bahasa Jawa
Bahasa daerah yaiku bahasa asli Indonesia kang kedhah kita lestariaken, menawi sakmenika bahasa asing mulai nguasani nanging ojo nganti kesupen bahasa daerah piyambak. Bahasa daerah kang sampun dados identitas utawi jati diri saking daerah piyambak - piyambak. Bahasa daerah, salah sijine yaiku Bahasa Jawa.
Bahasa Jawa kang dikenal yaiku bahasa kang unik amergo Bahasa Jawa wonten tingkat-tingkatane. Bahasa Jawa kang kaperang dadi loro yaiku ngoko lan krama. Ngoko piyambak wonten ngoko lugu lan ngoko alus utawi andhap. Nalika krama wonten krama inggil utawa alus lan krama. Panempatan Bahasa Jawa tergantung saka perbedaan umur utawi jabatan, derajat uga tingkat kekerabatan antara sing ngendika lan sing diajak ngendika. Sing nunjuake onone unggah ungguh basa jawa mula saka kui panggunaan bahasa jawa saged dirinci kaya ing ngandhap menika:
1. Ngoko Lugu
Tuladha wanda: aku, lunga, arep, mangan, turu, lsp.
Tuladha tembung : aku kulina sarapan sego goreng, wong tuwane wadon wes randha.
Digunaakae marang sapadha-padha, bocah karo bocah lan wong tuwa marang bocah.
2. Ngoko alus
Tuladha tembung: Den mintarti kuwi putrane Sen darmin, duwite mau wis diasta bapak.
Digunaake wong saumuran sing isih ngajeni, wong sung padha tuwane, lan wong tuwa marang wong enom sing isih ngajeni.
3. Krama
Tuladha wanda : kula, kesah, nedha, griya, ngangge, lsp
Tuladha tembung : kula badhe kesah dhateng Tumenggung, Adhi kula nembe tilem.
Digunaake : wong sing tembe wae kenal, wong tuwa marang wong enom sing isih ngajeni, lan wong enom marang wong tuwa, nanging ora pati ngajeni.
4. Krama alus / inggil
Tuladha wanda : tindhak, dhahar, sare, dalem, ngendhika, lsp
Tuladha tembung : Bu Tukinem menika garwanipun pak guru, pak guru rawuh ngasta buku novel "kunarpa tan bisa kandha".
Digunaake : bocah marang wong tuwa, wong enom maranh sing luwih tuwa
sing ngajeni banget, marang atasane.

Saka katrangan ing dhuwur cetha menawa basa krama iku kaperang dadi loro yaiku krama lan krama inggil. Miturut kerangkaning ukara (konstruksi ). Kajaba leksikan netral, tembung / leksikan krama kacampuran krama inggil utawa krama inggil utawa krama andhap.
PARIKAN
Parikan ( Pantun ) yaiku unen-unen sing dumadi saka rong gatra utawa patang gatra lan nengenake purwakanthi (runtuting swara).
Parikan dumadi saka rong perangan:
1. Ukara purwaka / sampiran,
2. Ukara wos / isi.
Gunane purwaka yaiku kanggo narik kawigatene wong sing arep di khandani / dituturi. Sawise wong mau ketarik atine mula banjur nggatekake marang wose / isine kang baku.
Carane ngarang parikan:
1. Sing dikarang dhisik yaiku wose / isine,

2. Banjur sing keri ukara purwakane.
Supaya dadi parikan sing apik, diupayaake antara purwaka lan wos duwe cacah wanda sing padha.
Tuladha parikan :
Jemek –jemek gulane jawaAja ngenyek padha kanca
Manuk tuhu mencok pagerYen sinau dadi pinter
Wedang bubuk tanpa gulaJo sok nngantuk, gelis tuwa
Wajik klethik gula jawaLuweh becik sing prasaja
Wedang bubuk gula tebuMata nngantuk njaluk turu
Kembang mlathi warna peni ngganda wangiWatak putri kudu titi ngati ati
Gudeg manggar bumbune mrica ketumbarLamun sabar bisa lejar sarta bingar
Kembang kencur tinandur ing pinggir sumurYen wis makmur ojo lali marang sedulur
Esuk nakir sore yo nakir, sing ditakir godong plosoEsuk mikir sore yo mikir,sing dipikir mung golek banda
Jangan kacang jangan kara, kaduk uyah kurang gulaPiwelingku mring para muda, aja wedi ing rekasa
Yen kembang, kembang cepaka, dudu kembang arum daluMumpung sira isih muda, den sregep ngudi ilmu
Awan-awan tuku brambangAna prawan klambi abang
Wedang bubuk gula jawaYen kepethuk atine lega
Esuk nyuling sore yo nyuling, sulinge arek surabayaEsuk eling sore yo eling sing dieling ora rumangsa
Supaya dadi parikan sing apik, diupayaake antara purwaka lan wos duwe cacah wanda sing padha.
Tuladha parikan :
Manuk emprit nucuk pariDadi murid sing taberi
Jemek –jemek gulane jawaAja ngenyek padha kanca
Manuk tuhu mencok pagerYen sinau dadi pinter
Wedang bubuk tanpa gulaJo sok nngantuk, gelis tuwa
Wajik klethik gula jawaLuweh becik sing prasaja
Wedang bubuk gula tebuMata nngantuk njaluk turu
Kembang mlathi warna peni ngganda wangiWatak putri kudu titi ngati ati
Gudeg manggar bumbune mrica ketumbarLamun sabar bisa lejar sarta bingar
Kembang kencur tinandur ing pinggir sumurYen wis makmur ojo lali marang sedulur
Esuk nakir sore yo nakir, sing ditakir godong plosoEsuk mikir sore yo mikir,sing dipikir mung golek banda
Jangan kacang jangan kara, kaduk uyah kurang gulaPiwelingku mring para muda, aja wedi ing rekasa
Yen kembang, kembang cepaka, dudu kembang arum daluMumpung sira isih muda, den sregep ngudi ilmu
Awan-awan tuku brambangAna prawan klambi abang
Wedang bubuk gula jawaYen kepethuk atine lega
Esuk nyuling sore yo nyuling, sulinge arek surabayaEsuk eling sore yo eling sing dieling ora rumangsa
Sumber : https://otmods.blogspot.com/2015/10/materi-parikan-bahasa-jawa.html
Pepak lan wasis basa jawa
A. Crita Rakyat
Crita rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun-temurun utawa kang wis dadi tradhisi ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritakaken ing maneka werna kahanan, anaing sajroning kumpulan, utawa pinangka. crita pamancing impen, lan sapiturute. Tumraping bocah-bocah, crita rakyat uga uga bisa migunani minangka pendhidhikan budi pekerti, amarga budi pekerti luhur tumrap bocah - bocah. Crita rakyat duwe unsur-unsur pambangun, kayata tema, tokoh utawa penokohan, latar(setting), alur(plot), sudut pandhang lan amanat.
Tema yaiku pokok permasaahan ing sajroning crita. Saben crita rakyat duwe tema gumathok supaya gampang diwaca. Latar(setting) yaiku papan panggonan, wektu, lan suwasana kadadeyan ing sajroning crita. Penokohan yaiku paraga kang nduweni watak sing sajroning crita. Alur yaiku urut-urutane prastawa ing crita. Sudut pandhang yaiku cara pandang panganggit tumrap crita kang dianggit awujud wong kapisan, wong kapindo, utawa wong katelu. Amanat yaiku pesen kang diaturake dening panganggit marang wong kang maca.
Crita rakta ngemu piwulang utawa nilai-nilai, antarane yaiku nilai-nilai budaya kang nduweni gegayuhan karo pamikiran, kabisan, lan karya cipta manungsa, nilai - nilai social kang nduweni gegayutan karo tata laku antaraning manungsa nduweni sapadha, lan nilai – nilai moral kang nduweni gegayutan karo tumindak apik lan elek kang dadi dhasare kauripane manungsa lan masyarakate.
B.Titikane crita rakyat
CRITA RAKYAT
(TAYAT)

a. Panyebarane kanthi lesan
b. Duweni sipat tradhisional
c. Sugih cakrik lan variasi
d. Jenenge pangriptane ora konangan (anonim yaiku crita mau ora kaweruhan sapa sing nganggit)
e. Wangune tiron (klise) ana ing susunan utawa cara pangungkapane.

C. Mupangat crita rakyat yaiku :
a. Mupangat rekreatif yaiku menehi rasa tentrem, seneng uga menehi hiburan.
b. Mupangat dedaktif yaiku ndhidik para kang maca amarga nilai – nilai kabeneran lan kaapikan kang ana ing sajroning crita.
c. Mupangat estestis yaiku menehi nilai – nilai kaedahan.
d. Mupangat moralitas yaiku nilai – nilai moral kang dhuwur saengga para kang maca bisa mangerteni moral kang apik lan elek.
e. Mupangat relegiusitas yaiku ngemu ajaran agama kang didadeake tuladha kanggo para kang maca.

D.Unsur crita rakyat
Crita rakyat nduweni unsur - unsur instrinsik, kayata:
a. Tema yaiku ide pokok utawa permasalahan utama kang ndasari lakuning crita.
b. Latar (setting) yaiku latar belakang kang mbantu cethaning laku crita kang ngemot wektu,papan panggonan, lan suasana.
c. Paraga yaiku paraga ing sajroning crita. Paraga bisa dingerteni karaktere saka tumindake, ciri fisike, lingkunganne, lan sapanunggalane.
d. Alur (plot) yaiku rerangkening prastawa ing sajroning crita.
e. Amanat yaiku pesen kang ana ing crita
f. Sudut pandang yaiku nyritakake tokoh, barang, papan, lan sapanunggalane.
g. Konflik yaiku perkara kang punjere crita
E.Wujude crita
Miturut William R. Bascom ana telung golongan,yaiku mitos, legendha, lan dongeng.
a. Mitos
Mitos yaiku critos kang dianggep bener – bener kedadeyan. Kedadeyan ing alam dharatan, segara utawa langit, tuladhane crita Nyi Rara Kidul,Nyi Lanjar, lan sapanunggalane.
b. Legendha
Legendha yaiku crita kang dianggep bener – bener kedadeyan, biasane crita mau ana petilasan arupa watu, gunung kali, lan sapanunggalane. Tuladhane crita Baru Klinting, Kawah Sikidang, sumur Jalatundha, Rara Jonggrang, lan sapanunggalane.
c. Dongeng
Dongeng yaiku crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya. Tuladhane Kancil Nyolonng Timun, Keon Mas, Lutung Kasarung, lan sapanunggalane.
F. Sinopsis
Sinopsis yaiku ringkesan crita saka kang alur kang dawa dadi cekak naming bisa njlentrehake crita sakabehe. Nalika bakal nulis sinopsis, bab – bab kang kudu digatekake yaiku:
a. Tema : gagasan pokok, pokok crita
b. Latar : papan lan wektu dumadhine prastawa
c. Alur : lakuning crita
d. Penokohan : paraga crita

Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 2
PRANATA CARA
MC Utawa Master of Ceremony mengkono istilah sing misuwur tumraping pranatacara. Pranatacara kajibah nglantarake titilaksana upacara pasamuan, temanten, lan sapanunggalane. Basa sing dienggo pranatacara gumantung Karo upacarane.
Pranatacara,yaiku paraga kang nduweni jejibahan nglantarake titilaksana ing acara.
A. Nemokake Isi Pokok Teks Pranatacara:
Isi teks pranatacara ing nduwur,yaiku:
1. Teks pranatacara kasebut ngandharake titi laksana ijab qabul;
2. Acara binuka kanthi sowane temanten sarimbit, waosan kalamullah, atur pambagya hamengku karsa, pasrah, sabdatama, lan paran para.
B. Mbedhah Kaidah Pranatacara
Urut-urutane teks pranatacara:
1. Salam pambuka
2. Atur pamuji
3. Atur kasugengan, kairing atur panuwun
4. Wedharing gati
5. Atur nyuwun pangapura
6. Panutup
7. Salam panutup.
C. Maca Teks Pranatacara
Supaya anggone maca teks pranatacara gampang dimangerteni,kudu nggatekake babagan ngisor iki.
1. Pangucapane kang trep
2. Pamedhote ukara kang trep
3. Intonasi, nada, lan tekanan kang trep
4. Mangerteni tandha wacan kanthi trep
5. Swara kang cetha
6. Ngatur Alon lan cepete pamaca
7. Ngkolah treping mlebu wetuning napas
8. Kagami wacan
9. Pracaya marang dhiri pribadi
Assalamualaikum Wr. Wb.
Kawula nuwun, ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah, saha para guru ingkang kula hormati, ugi dumatheng para siswa, mudha-mudhi ingkang kula tresnani. Keparengan ing mriki kula badhe matur wontwn ngarsa panjenengan sami, minanagka ketua panitya pengetan tanggap warsa Kamardikan RI, ingkang kaping 66 surya kaping 17 Agustus 2011.
Ingkang sepisan, kula mocapaken puji syukur wonten ing ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Murbeng Agesang, dene panjenenganipun sampun kersa paring kanugrahan dumatheng kita sadaya Bangsa Indonesia, kathanda ing dalu punika, kita sampun dipun keparengaken makempal kanthi wilujeng ing papan punika, saperlu sami lenggah tirakatan ing malem 17 Agustus punika.
Kaping kalihipun, kula ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindhan, awit sadaya warga SMK ... sampun sami kepareng paring pambyantu punapa kemawon datheng panitya, murih saged ipun kaleksanaan mahargya pengetan dinten Kamardikan RI ingkang kaping 66 surya kaping 17 Agustus 2011.
Susunan Acaranipun inggih punika:
- Pambuka
- Nembang Sesarengan tembang “Hari Merdeka”
- Sambutan Kepala Sekolah
- Sambutan Ketua Panitya
- Nembang Sesarengan tembang “Bendera Kita”
- Piwaosan Puisi
- Piwaosan Donga
- Penutup
Kados sampun kawuningan dening para arwuh sadaya, bilih rikala tanggal 17 Agustus 1945, kita bangsa Indonesia sampun kasil uwal saking blengguning penjajah, sarta kanthi pangurbanan rah lan waspo ingkang boten sakedhik, para pemimpin kita sampun kasil maosan Teks Proklamasi Kamardikan RI dhateng Saindenging Bawana, saengga sadaya Bangsa in manca Nagari sami mengertosi, bilih sampun lahir satunggalih Negeri enggal ingkang name Indonesia. Ing dinten benjang enjang tanggal 17 Agustus 2011 Nagari kita Republik Indonesia jangkep yuswa 66 tahun. Awit saking punika ing tirakatan dalu punika, kita sadaya badhe sesarengan lelenggahan seperlu mengeti dinten Kamardikan kita, saha sesarengan nyenyuwun dhumateng Gusti Ingkang Akarya Jagad, mugi-mugi, pengeten tanggap warsa ingkang kaping 66 punika mangke saged kaleksanaan kanthi wilujeng, saha sapanginggilipun, Nagari kita Republik Indonesia, pinaringan rahayu widada, nir baya, nir ing sambekala, tebih sangking parang muka, pinaringan tata tentrem kerta raharja, saha nayaka pangembate praja, pingga saged manuntun Bangsa kita dumatheng ancasing Revolusi, inggih punika wujuding bebrayan ageng adhil lan makmur sadaya bangsa Indonesia.
Awit titi laksana sampun ndungkap ing kalamangsa ingkang katemtokaken, pramila kanti mocap Bismillahirrahmaanirrahiim, tirakatan dalu punika kawiwitan.
Salajengipun mbok bilih wonten sawetawis kekirangan ingkang saged ndadosaken kirang renaming penggalih mugi kersa paring kathah kiranging atur, kula naming saged nyuwun agunging pangaksami. Ing wasana mugi keparengan handumugekaken lelenggahan kanthi mardikaning penggalih, sarta panutuping atur,
Wassalamualaikum wr.wb
Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 Kelas XII SMA/SMK/MA
Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 Kelas XII SMA/SMK/MA
BUDAYA WEWALER
( DAWA)
Wewaler padha karo gugon tuhon. Gugon tuhon saka tembung gugu (pracaya marang kandhaning liyan) lan tugu (nyata, temen). Gugon tuhon yaiku ngandel prakara sing dianggep nduwe kadayan ngungkuli kodrat, mangka sanyatane ora. Gugon tuhon ing madyaning masyarakat Jawa diarani pepali utawa larangan. Guyon tuhon kalebu kaprecayaan tanah ndue rasa sumelang menawa ora bisa nyembadani perkara sing dianggep iku.
Gugon Tuhon
- Gugon tuhon salugu yaiku bocah utawa wong sing dadi mangsane Bathara Kala miturut dongeng yaiku bocah sukerta. Miturut kaprecayan, kanggo ngusadhani supaya ora dimangsa Bathara Kala, kudu ditanggapake wayang kanthi lakon Amurwakala.
- Gugon tuhon wanita sinandi yaiku kalebu pitutur sing ora kalairake kanthi melok. Akeh nggunakake tembung boten ilok utawa ora ilok sing ngemu teges ora becik.
- Guyon tuhon kalebu wewaler yaiku wewaler saka leluhur utawa wong sing dadi cikal bakal amarga nindakake sawijining bab, banjur wewaler kanggo anak putu supaya ora nindhakake.
Pituduh
Mungguhe bebrayan Jawa, pituduhe urip iku kaperang dadi 6 prakara yaiku :
1. Pituduh kang magepokan karo Gusti Maha Wisesa
2. Pituduh kang magepokan karo rohani
3. Pituduh kang magepokan karo kamanungsan
4. Pituduh kang magepokan karo kabangsan
5. Pituduh kang magepokan karo kaluwarga
6. Pituduh kang magepokan karo kadonyan
Wewaler
Kaya dene pituduh, wewalere bebrayan Jawa uga kapantha dadi enem pepanthan, kaya ing ngisor iki.
1. Wewaler kang magepokan karo Gusti Kang Murbeng Urip
2. Wewaler kang magepokan karo rohani
3. Wewaler kang magepokan karo manungsan
4. Wewaler kang magepokan karo kabangsan
5. Wewaler kang magepokan karo kaluwarga
6. Wewaler kang magepokan karo kadonyan
Tuladha:
a. Ora ilak lungguh ing bantal mengo wudunen. Amarga bantal dilungguhi dados ora sopan amarga bantalbkaggo mustaka.
b. Ora ilak singsot ing tengah wengi, bisa ngundang setan. Amarga singsot ing tengah wengi bisa ganggu tanggane.
c. Aja nganggo klambi ijo utawa biru, ndak dijaluk Nyi Roro Kidul. Amarga nek misal ono ombak gede, keseret ing banyu, klambine warnane pada karo banyu. Tim sar angel nulungine.
d. Ora ilak turu maghrib- maghrib ndak pikirane ilang utawa pikun. Amarga maghrib kui waktune ibadah ora turu.
e. Ora ilak ngidoni wong liya, ndak lathimu suwingen. Amarga kui ora sopan, ora ngajeni wong liya.
f. Ora ilak turu isuk-isuk, ndak ilang rejekine dipatok pitik. Amarga isuk-isuk wayahe kerja, ora turu, lan supaya ora kawanan.
Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 Kelas XII SMA/SMK/MA

Tidak ada komentar:
Posting Komentar